Selasa, 29 April 2014

pidato bahasa jawa simple



Assalamu`alaikum Wr. Wb
Alhamdulillahi robbil `alamin. Wasshala tuwassala mu-ala-Asrofil ambiya`I wal mursalin. Sayyi dina wamaulana muhammadin wa`ala-alihi washobihi ajma`il. Amma ba`du.
Ingkang kula hormati, Bapak/Ibu dewan guru kalian kanca-kanca ingkang kula sayangi
Ing kawontenan punika, manggo kita sedoya sumadya wonten karsanipun Gusti Allah kang Mahan Kuasa. Amargi rahmat sarta nikmatipun ingkang sampun dipunanugrahaken kagem kita sedoya. Boten kalepatan shalawat ugi salam kita haturaken kagem junjungan kita Nabi Muhammad S.A.W.
Allah maringi kita anugrah inggih punika Din utawi agami ingkang mulia sanget. Inggih punika Al-Islam. Allah Ta`ala ugi sampun maringi kautaman  kagem kita sedoya, inggih punika kenikmatan. Allah S.W.T berfirman wonten Surah Al-Maidah ayat 5 :
الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ اْلإِسْلاَمَ دِينًا
Ingkang artinipun  : “ Wonten dinten punika sampun Kula sempurnakaken kagem panjenengan, agami panjenga kalian sampun dicukupaken kagem panjenengan nikmat kalian ridho agami Islam punika, dados agaminipun panjenengan”
Sampun cekap setunggal sasi, kita nglaksanakaken siam wonten sasi Radhan punika. Wonten dinten punika kita sampun dados fitrah, inggih punika suci kados bayi ingkang nembekemawon dipunlahiraken.
Wonten sasi ingkang berkah punika, kita ingkang gadahi sifat kang sae supados kedah saged berbagi kesenengan kalian sesami. Senadjan agaminipun boten sami. Wonten satunggalipun tauladhan…..
Wonten lare ingkang agaminipun lintu ingkang sadean Koran celak kalian masjid. Wektu punika sholad Ied badhe dipunwiwiti. Wektu punika, rawuh lare nem-neman kados keseso-keseso mlebet masjid amargi piyambakipun sampun telat. Lare ingkang lintu agami punika wicanten “Mas mas……punika koranipun”. Lare nem-neman wau sumerep menawi lare punika agaminipun lintu. Lajeng, lare nem-neman punika duka “Aku ora tuku Koran”. Nanging lare punika taksih nawari koran punika, ngantos mlebet wonten masjid. Panjenengan sumerep punika ingkang dipuntidakaken lare punika? Piyambakipun mbeberaken koran punika kalian wicanten “Mas…..kla boten sadean korang, nanging kula maringi panjenengan Koran, supados panjenengan sholatipun remen. Kula pamit rumiyin Mas, manggo menawi Masipun badhe sholat. Mireng mekaten lare nem-neman punika nggumun sanget. Sakbibaripun shalat Ied lare nem-neman punika madosi lare punika, badhe dipun ajak silaturrahmi dumateng griyanipun
Para rawuh ingkang minulya
Ing dinten punika kaum muslimin muslimat wonten sakubengi dunyo, wonten pojok-pojok kitha, wonten dhesa, sedoya ngumandangaken asma Allah. Kita sedoya mireng kalimat-kalimat endah sanget ingkang saged nggetaraken jagad punika.
Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar,
laa ilaha Allahu akbar.
Allahu akbar wa Lillah ilham…..
Subhanallah,dinten punika sedoya umat manungsa wonten jagad punika ngagungaken asma Allah S.W.T, berzikir, ngebuktikaken raos tresna, raos syukur dumateng Allah S.W.T. Ing kawontenan punika manggo kita sedoyo kedah nggadah pengharapan supados kita saged angsall barokahipun Gusti Allah Ta`alla
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksani menawi wonten pitutur kula ingkang boten sekaca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.
Akhirul kalam
Wassalamu`alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar